KAWULA MUDA
Ati nggrantes
Krungu basa tanpa sastra
Kuping ngeres
Krungu tembang tanpa irama
Ooo...kawula mudha
Budhaya perlu daya
Daya perlu nafas
Napasmu meh kandhas
Aja sumelang
Isih ana papan amba
Jember bisa lelumban
Ing jagat sastra lan basa
Semangatmu .........
Gregetmu .............
Jawa- mu ............
Ditunggu
sumribit angin ngelus langit sore
BalasHapusmanuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
BalasHapusora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
Ing Taman Tanpa Rembulan
BalasHapusAllief Normaz Billah
Dak waca layangmu
kang mau sore tumeka
nalikane angreronce wewayanganmu
kang dumadakan terwela kagawa
kekesing angin sore mangsa ketiga
isih ana taman iki kang dadi seksi
kala samana angrantu janji
tumekaning purnama sidi
aku lan sliramu sesandhingan
engga madyaning ratri
matur sudun kersa nulis balik guritku. Nanging kuwi maksute apa ya?
HapusMangga mampir ing http:misterirembang.blogspot.com
akeh gurit, cerkak engga puisi lan crita misteri
Sepi
BalasHapusyen aku dhong lungguhan
dheke kang dadi seksi
yen aku dhong miwir lintang
dheke iku kang ngancani
yen aku dhong takon werdine urip
dheke kang ngewangi ngudharai
yen aku dhong tak tik tak tik
dheweke ora lungsi ngguyoni
lan setia ngandhani terusna kang
menawa ana asile kena nggo tuku kotang
ora ana wong cubriya.
ing wayah dino iki
BalasHapusaku nulis geguritan ing blogmu
geguritan iki ngungkapake kesaning diri
muga sliramu ora lelara ati