Selasa, 22 Februari 2011

Geguritan

KAWULA MUDA

Ati nggrantes
Krungu basa tanpa sastra
Kuping ngeres
Krungu tembang tanpa irama

Ooo...kawula mudha
Budhaya perlu daya
Daya perlu nafas
Napasmu meh kandhas

Aja sumelang
Isih ana papan amba
Jember bisa lelumban
Ing jagat sastra lan basa

Semangatmu .........
Gregetmu .............
Jawa- mu ............
Ditunggu

6 komentar:

  1. sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti bali ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu

    gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung rasa kang ngulandara
    wengi bakal tumeka maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi

    lumaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega
    apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

    BalasHapus
  2. udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

    sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
    marakake gawe kekesing ati
    manuk kepodang wus mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu

    BalasHapus
  3. Ing Taman Tanpa Rembulan
    Allief Normaz Billah

    Dak waca layangmu

    kang mau sore tumeka

    nalikane angreronce wewayanganmu

    kang dumadakan terwela kagawa

    kekesing angin sore mangsa ketiga

    isih ana taman iki kang dadi seksi

    kala samana angrantu janji

    tumekaning purnama sidi

    aku lan sliramu sesandhingan

    engga madyaning ratri

    BalasHapus
    Balasan
    1. matur sudun kersa nulis balik guritku. Nanging kuwi maksute apa ya?

      Mangga mampir ing http:misterirembang.blogspot.com
      akeh gurit, cerkak engga puisi lan crita misteri

      Hapus
  4. Sepi

    yen aku dhong lungguhan

    dheke kang dadi seksi

    yen aku dhong miwir lintang

    dheke iku kang ngancani

    yen aku dhong takon werdine urip

    dheke kang ngewangi ngudharai

    yen aku dhong tak tik tak tik

    dheweke ora lungsi ngguyoni

    lan setia ngandhani terusna kang

    menawa ana asile kena nggo tuku kotang

    ora ana wong cubriya.

    BalasHapus
  5. ing wayah dino iki
    aku nulis geguritan ing blogmu
    geguritan iki ngungkapake kesaning diri
    muga sliramu ora lelara ati

    BalasHapus